Transkrip
pengajian Romo Yai Achmad Asrori Al Ishaqiy RA saat bihalal di masjid
petrokimia Gresik tahun 1995)
Mangkane
konco-konco wedok..konco-konco lanang.., jangan sekali-sekali menolak
cinta..lebih-lebih menyalahkan orang, yang orang tadi itu mencintaimu..
”Woook…arek
iku seneng karo aku…sorry..”. Ojok lho..gak ilok lho (ngomong ngunu iku)..
Perkoro awakmu gak iso nrimo, perkoro awakmu gak gelem, iku hakmu. Tapi tentang
cintanya seseorang terhadapmu, ojok sekali-kali awakmu nyalahno..ojok..
Engko
angel lho jodomu… Karena apa?. Kita pun nggak tau..dalam al qur’anul karim,
Allah ta’ala telah berfirman: “‘asaa an tuhibbuu syay-an wa Huwa syarrul lakum wa
’asaa an takraHuu syay-an wahuwa khayrul lakum“.. Ada kalanya Engkau mencintai
sesuatu, tapi sesuatu itu tidak baik untuk kamu. Adakalanya kamu membenci
sesuatu, tapi kenyataannya sesuatu tersebut menjadikan baik untuk kamu.
Belum
tentu orang yang kamu benci itu tidak bisa membahagiakan kamu…Ojok nolak
cinta..ojok.. Mbarakno angel lho jodone engkok..Yo ojo koen trimo…”Enggeh ya
Allah..matur sewu-ewu sembah nuwun kulo ya Allah..lha koq wonten tiyang ingkang
nyintai dateng kulo ya Allah… minongko nyuwun agunge pangapunten ya Allah..lha
koq manah kulo niki ya Allah… koq dereng saget nampi ya Allah..,” ngono lho..
Ojo
koen tolak ojok.. iki (nang kene) onok ndak sing nolak cinta?. Gak ilok lho
yo..ojok..temen..niku mbarakno nopo?. Mbarakno angel jodone..ojok…. ”Nggeh
leres ya Allah …pancen leres niku cinta dateng kulo ya Allah…kulo mboten
nyalahaken ya Allah..namung nopo.o koq kulo niki ya Allah..koq dereng saget
nampi ya Allah..manah kulo..,” lho ngono lho…Ojok ngguyu..
Angel..cinta
niku angel..(saling) cinta belum tentu jodoh..dan andai kata pun diberi jodoh
oleh Allah, belum tentu jodoh itu sampai dibawa mati besok di akhirat.. Onok
wong niku cinta..sempat saling cinta..tapi gak sempat rabi.. Onok wong sempat
rabi, (tapi) gak sampek sempurno rabine, kenyataane diparingi pegatan karo
gusti Allah..onok.
Gak
tentu nggeh..kadang-kadang iku onok, barang wes rabi temen..engkok sing lanang
disuwun disek nyowoe dening gusti Allah. Engkok sing wedok; rondoe rabi maneeh.
Lho durung tentu… jodoh niku ada kelas-kelasnya. Belum tentu besok sampai
akhirat.. durung tentu….. Pun yak nopo kiro-kiro?. Ojok nolak cinta ojo.
Mangkane
ojo gampang nolak..didilok disik.. ”Arek iku seneng karo aku..mboten nolak kulo
ya Allah…kulo dilok mawon ya Allah..adakah sesuatu yang..,” lho ngeeeeten
lho..”yang istimewa yang akan mengena di dalam hati saya ya Allah”…lho…ngono
mestine niku.
Sing
nggarakno mutus cinta niku wong lanang nopo wong wedok seh?. Hayo tak takon
saiki?.. Sing mbarakno gara-gara mutus cinta niku wong lanang nopo wong
wedok..?. “Kau yg memulai..kau yang mengakhiri..”. Hayo? sopo kiro-kiro?… podo
wae.. Gak lanang, gak wedok.. nopo? gampang mutusno cinta…ojok… Ojok gampang
nrimo cinta..ojok gampang mutus cinta..kabeh mau: nrimo, mutus cinta..dibalekne
menyang gusti Allah..liwat nopo? Liwat istikhoroh!.
Wong
rabi niku nopo?…saling mengisi…saling memenuhi, nopo (ibarate)?..tumbu oleh
tutup.. lak tumbu karo tutupe niku podo nopo mboten?. Seje..tapi wong mergo
cocok..dadi apik.e.. Sing wadahe butuh tutup..tutupe butuh wadah.. Ayok
ngomongo…kiro-kiro tutup gak onok wadahe, ya opo kiro-kiro?..utah nopo mboten?
utah.. Wadah gak onok tutupe? Ayo?..Sido mambu opo ndak?… Ojok ngguyu… Lho,
ngeeten lho..ojok yo.. Jangan sekali-kali kita tertipu oleh cinta..dan kita pun
jangan sampai terbius oleh indahnya cinta..ojok.. Ayok..lek wes awakmu simpati
karo arek-arek..nek wes awakmu seneng menyang koncomu..sak durunge nemeen..ayok
cepet-cepet istikhoroh menyang gusti Allah…”Baikkah dia untuk saya ya
Allah?”,..ngono lhoo
Lha
barang wes rabi yo opo?. Menempuh hidup baaru..hidup baru yang mana?.
Sifat-sifat, akhlaq-akhlaq yang telah tidak diridloi oleh Allah, diganti dengan
kehidupan yang baru yang diridloi oleh Allah.. Wong kepengen jodoh iku duduk
ketemune wong wedok ambek wong lanang, duduk.. Sing dijodohno, sing ditemokno
niku nopo?: pikirane karo atine…cocok nyocoki.. Lho, cocok-nyocoki niku ilmune
Allah..sirrine Allah..tidak cukup hanya diracik..hanya direkayasa di dalam ilmu
dan pikiran.. ”Aku tak rabi karo iko..”.
“Opo.o?..”,
“Sudah mapan…”, waduh.. ”Anaknya direksi..anaknya direktur..”, nggeh
ta?..”Kekayaannya telah cukup, pendidikannya sukses..dan penghidupannya pun
telah mendapat pekerjaan”…cukup?. Gak cukup…lha kenyataane, barang wes
rabi..entek cintae..kasih sayange gak onok? apa yang terjadi?. “Saya cari anak
yang berpendidikan”..”Saya cari anak (dengan kriteria tertentu)….” Harus (kah
seperti itu)? Harus.. tapi gak cukup… (masih perlu) diistikhorohi maneh…menyang
gusti Allah.. ya opo bisa menimbulkan kasih sayang sampek tekane pati?..lho
kasih sayang ini yang kita nggak tau…
Makane
kadang-kadang ada suatu ucapan, nggeh ta? Di dalam kartu-kartu undangan niku
nopo?. Ucapan nopo niku? “Selamat menempuh hidup baru” sing dibarui niku nopo?.
Ayo ngomongo… ayo-ayo diilmuni… “Selamat menempuh hidup baru” sing dibarui iki
opo?. Lho, wong loro jarene, hehe.. nganyeng iki. Lho ngene loh rek… sing
dimaksudno “Menempuh hidup baru” nggeh.. Wong rabi iku gak seneng rabi…wong
rabi iku gak karep rabi, opo maneh sampek kebelet rabi..mergo seneng, karep,
kebelet iku onok batese [baca: nggak selamanya]..kapan-kapan gampang gak
senenge..hayo nggeh nopo mboten..?. Niki lho…sak piro kuate seneng niku sak
piiro..? nek olehe rabi niku gak nggowo iman?..iyo nek seh haram..mbecak kepengen
rapet.. kadang nek numpak motor sir-siran niku, kursi siji digawe wong
loro..nggeh ta?. Mergo sek haram.. sek seneng.. sek karep..ngoper perseneleng
niku angel gak opo-opo pokok.e mepet..enggeh?.
Tapi
wong seneng, karep, niku enten batese..mbesok nek wes
halal..disikuuut..”Rono-rono dek…rono-rono mas…sek kesel aku..sesek ki
lho”..Nggeh ta…? nek wes haaalal?..niku nopo? nek ing ndalem olehe cinta gak
diparingi nggowo iman..engkok disik
Wong
rabi niku nopo?: butuh raaabi..lho sing dibutuhi niku nopo?. Sing dibutuhi niku
duduk rabine.. duduk..(tapi) cocoke jodone, atine, karo wong sing dicintai..yo
opo carane?; nangis menyang gusti Allah..: ”Ya Allah..kulo niki ya
Allah..ngeten-ngeten tok mawon kulo niki ya Allah….sek dereng saget istiqamah
kulo ya Allah..sek dereng saget thuma’ninah kulo ya Allah..niki kekurangan kulo
ya Allah..niki apes kulo ya Allah..kulo kepingin ya Allah..bareng arek
wedok..bareng arek lanang ya Allah..sing pundi arek wedok, arek lanang kolo wau
ya Allah…bisa memenuhi kekurangan-kekurangan yang ada pada diri saya ya
Allah..untuk menghadap istiqamah..thuma’ninah ke hadiratmu ya Allah….”
Artinya
cinta iku opo seh?. Artinya cinta iku butuh dikuatkan dengan kasih sayang…sing
dimaksudno kasih niku nopo?. Nek wong niku cintae niku bener..nggeh ta…cinta
bukan untuk memiliki..cinta hanya untuk membahagiakan orang yang
dicintainya…pengorbanan yang paling besar adalah mengorbankan orang yang
dicintainya.. menjadi milik orang lain demi untuk kebahagiaanya.
Maksude
cinta niku membahagiakan wong sing dicintai….tandane wong cinta niku nopo?:
Kasih; asih.. Artine kasih niku npo?: Memberi.. Nek wes kepetuk niku nopo?
Ngalah…Mangkane..nek wong manten anyar niku nopo? Koq seneng?. Nopo.o, koq
mbarang manten anyar niku koq enak kabeh rasane?. Tapi barang wes rabi rodok
suwe koq gak patek enak?…Opo.o barang manten anyar koq guyub?. Opo.o barang
manten anyar koq mesra?. Koq enak..barang rabi wes rodok suwe koq rodok
sikut-sikutan..?. Mergo opo?. Cumak siji thok..karena di antara kedua mempelai,
di antara suami istri niki nopo? saling mengalah..saling mendahulukan…tidak ada
yang saling menuntut..”Dek mangano dek”..”Emoh mas.. ngenteni sampean
wae”..nggeh ta?.. ”Mas… sampean mangan mas…”. “Gak enak dek…gak bareng
awakmu..linggiho disik koen… mengko mari awakmu aku.”
Lho,
niki lho yang membawa langgenge cinta niku… nopo? kasih…saling memberi..saling
mengerti dengan orang yang dicintainya..saling mengalah..
Lha
nek wes rodok suwe saling menuntut.. Ooook wong wedok gak ngerti kewajibane…”.
Lhak iyo to…? ”njalok enake tok..”. Wong wedok yo ngono sisan nang wong lanang…
”Wong lanang njaluk menange dewe..gak ngerti susahe wong wedok..”. Lho, niki
lho…tidak saling memberi…iki sing mbarakne nopo? (mbarakne) Cinta niku rodok
kabur…
Lha
nek wes kasih…timbul sayang..apa artinya sayang itu apa?. Dituntun orang yang
disayangi..di dalam menuntun itu bagaimana?..memberi sesuatu dan menolak
sesuatu..nek sekirane gak dadi apik.e…”Dek..dek..ojok ngono dek…nek lungguh
ngene dek…nek mangan ojok ngono dek…ojok kon pangan iki dek…”. “Sing apik
akhlaqmu mas…kudune ngene mas..nek koen ngene mas..ndadekno gak apik mas..”,:
(dadi) dituntun endi dalan sing apik..nek sek durung iso nuntun dalan sing
apik, iku berarti durung sempurna olehe sayang…”.
Dikutip
dari Dr. Heri Munajib
0 komentar:
Posting Komentar